Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+

Teks Narasi Bahasa Jawa

Kompas.com - 22/03/2024, 23:00 WIB
Eliza Naviana Damayanti,
Serafica Gischa

Tim Redaksi

KOMPAS.com – Teks narasi basa Jawa yaiku karangan kang nyritakake lelakon utawa kedadean manut urutan wektu (kronologis; runtut saka wiwitan nganti pungkasan).

Ayo, sinau teks narasi basa Jawa!

Perangan teks narasi

Perangan teks narasi basa Jawa, yaiku:

  1. Orientasi
    Ana ing teks narasi isine ngandharake tokoh, setting, panggonan, latar cerita, latar wektu, lan perangan awal crita liyane.
  2. Komplikasi
    Ana ing teks narasi, komplikasi isine pokok persoalan cerita.
  3. Resolusi
    Yaiku bagian teks narasi kang isine ngandharake pemecahan masaalah ana ing bagian komplikasi.
  4. Koda
    Koda yaiku bagian kang pungkasan saka cerita (endinge cerita).

Titikan teks narasi

Ciri-ciri teks narasi basa Jawa, yaiku:

  1. Duwe unsur pokok 3, yaiku paraga, wektu, lan prastawa
  2. Nyritakake babagan kisah, prastawa, lan kedaden
  3. Asifat fiksi lan non fiksi
  4. Menehi informasi

Baca juga: Tembung Rangkep: Pengertian dan Jenis

Jenis teks narasi

Jenise teks narasi basa Jawa, yaiku:

  1. Narasi ekspositoris
    Ngandharake pawarta (kabar utawa informasi) uga isine kadadeyan nyata.
    Tuladha: biografi, autobiografi, lan laporan perjalanan
  2. Narasi sugestif
    Nyeritakake surasa (makna) lumantar pangangen-angen (imajinasi), mentingake piwulangane lan basane entar utawa ora wantah.
    Tuladha: crita roman, novel, lan drama

Cara nulis teks narasi

Carane nulis teks narasi, yaiku:

  1. Nemtokake tema lan amanat
  2. Ngrancang kedaden-kedaden pokok kang arep diandharake wujud skema alur
  3. Kedaden pokok mau dipantah dadi 3, yaiku wiwitan, tengah, lan pungkasan
  4. Nata utawa mapanake tooh, watak, latar, lan sudut pandhang
  5. Ngetrapake aturan tanda wacan ing ukara-ukara mau

Tuladha teks narasi

Contoh teks narasi, yaiku:

Narasi Sugestif

Putri Natasha sarta Putri Andini

Ing sawijining dina ing negara gedhe sang ratu nglairake putri kang diparingi asma Putri Natasha. Natasha iku ayu lan lucu. Ramane raja Anthum lan ibune ratu Aurora. Kabeh warga negara iku seneng nduweni putri kang ayu lan nyenengake.

Bareng karo laire Natasha, ing ngarep gerbang istana ana bayi gumlethak lemes ora nduwe daya. Katon ora kopen lan isih abang kaya lagi umur sedina. Amarga rasa welas lan asih marang bayi mau, banjur dijupuk lan diopeni dening kaluwarga kraton bareng karo Natasha.

Bayi mau kaparing asma Andini. Tanpa rinasa umure Natasha lan Andini wis ngancik 10 tahun. Lelorone katon rukun banget kaya sedulur kandhung.

Sang raja lan sang ratu seneng banget penggalihe mriksani bocah loro padha rukun. Ora tega penggalihe yen arep ngandani Andini yen sejatine dheweke dudu putri kandhunge. 

Baca juga: Tembung Pepindhan: Contoh dan Artinya

Nalika ngancik dewasa umur 13 tahun, putri Natasha katon luwih ayu tinimbang Andini. Praupane resik lan memper banget karo ratu Aurora. Nalika putri Andini ngrumangsani yen dheweke kalah ayu karo Natasha, banjur duwe greget jahat.

Dheweke rerasan arep nyiram pasuryane putri Natasha nganggo banyu panas sing diumpetake ana ing kamare. Nanging Gusti Maha Agung lan Maha Wikan. Rantamane mau konanagan dening ratu Aurora.

Kanthi wicak ratu Aurora banjur crita sinandi nalika ana bayi gumlethak ing ngarep regol kraton. Ratu mau crita yen bayi sing dijupuk lan diopeni mau saikiana ing ngarepe lan kepengin tumindhak jahat marang sedulure. Andini banjur ngerti lan bisa nampa kahanan kenapa ora padha karo ratu Aurora ora kaya putri Natasha sing pasuryane meper bundha ratu. 

Halaman:
Video rekomendasi
Video lainnya

Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Komentar
Close Ads
Bagikan artikel ini melalui
Oke
Login untuk memaksimalkan pengalaman mengakses Kompas.com