Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+

Teks Nonsastra Bahasa Jawa

Kompas.com - 22/03/2024, 17:00 WIB
Eliza Naviana Damayanti,
Serafica Gischa

Tim Redaksi

KOMPAS.com – Teks nonsastra basa Jawa yaiku teks utawa karangan kang surasane (isine) kedadeyan nyata kang ana ing masyrakat.

Teks nonsastra kalebu karangan ilmiah yaiku karangan kang dikembangake adhedhasar aturan-aturan panulisane lan aturan panggunane basa.

 Tuladhane teks nonsastra basa Jawa, yaiku:

  • Pidhato
  • Wara-wara (pengumuman)
  • Pawarta (berita)
  • Biografi 

Baca juga: Tembung Garba: Pengertian, Contoh

Tuladha teks nonsastra basa jawa 1

Assalamu alaikum wr.wb.

Para rawuh kakung putri ingkang satuhu kinurmatan.

Pengetan dinten Kartini punika kita adani, awit saking kadereng ngurmati lelabetanipun para pahlawan bangsa ingkang sampun ngrumiyini katimbalan ing pangayinaning Pangeran. Para wicaksana sampun paring sesuluh, bilih bangsa ingkang kinurmatan punika bangsa ingkang saget ngurmati lelabetanipun para pahlawan.

Kita mboten remen manawi dipun wastani bangsa utami ingkang mboten kinurmat, bangsa ingkang aji. Kanjeng Nabi Muhammad paring dhawuh, kaum wanita kuwi jejer dadi saka gurune negara. Yen wanita savvijining bangsa kuwi bobrok, bakal bobrok negarane.

Kula aturi menggalih, kados pundi manawi estri sami ngangsa-asa bandha, tansah ndhesek kakunge dipun uja kamurkaning bab bandba. Kakung mesthi badhe tumindak nalisir saking samesthinipun. Ingkang wonten kalodhangan lajeng sami korupsi, nguleri bandha negari.

Baca juga: Mengenal Tembung Entar dalam Bahasa Jawa

Para rawuh, dene kewajiban pawestri ingkang makaten wau dipun gesangaken malih lan dipun pandhengi dening Raden Ajeng Kartini. Panjenenganipun pengin mulihaken hakipun kaum estri ingkang jaman samanten dipun rampas dening penjajah.

Raden Ajeng Kartini mboten namung berjuang kangge kelompok lan golonganipun. Senajan panjenenganipun golongan bangsawan, nanging perjuanganipun kangge kawula sedaya. Panjenenganipun ada-ada utawi ngadani Sekolah Pawestri, supados tiyang estri ugi pinter kados tiyang kakung.

Manawi sampun pinter, mboten badhe nguja kekajenganipun penjajah, mesti badhe mbangkang dipun jajah, satemah kaum wanita tangi, gumregah, sesarengan kaliyan kakung sami berjuang merdikakaken bangsanipun.

Nanging Ing akhir-akhir punika, eba sedhihipun Raden Ajeng Kartini, awit sareng sampun kasil perjuanganipun, kepara-para putri sami klintu arahipun. Sadaya kepingin dipun sami kaliyan priya. Satemah ngantos mboten wonten wates antawisipun priya lan wanita.

Sinaosa Raden Ajeng Kartini berjuang nuju emansipasi/hak sami antavvisipun priya lan wanita, nanging tetep anut kodrat mboten sami kaliyan priya. Tetep kakung punika pemimpinipun wanita. Bapak tetep minangka pernimpin rumah tangga.

Ing wusana, mangga sami ndedonga mugi-mugi gegayuhan luhuripun Raden Ajeng Kartini, saged tansah kajiwa wonten ing pribadinipun Kartini Kartini jaman samangke, sahengga ambabar ganda arum nuju kuncaranipun bangsa Nuswantara.

Makaten, sedaya kalepatan nyuwun pangapunten, Matur Nuwun.

Halaman Berikutnya
Halaman:
Video rekomendasi
Video lainnya

Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Komentar
Close Ads
Bagikan artikel ini melalui
Oke
Login untuk memaksimalkan pengalaman mengakses Kompas.com