Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+

Teks Deskripsi Bahasa Jawa

Kompas.com - 22/03/2024, 22:00 WIB
Eliza Naviana Damayanti,
Serafica Gischa

Tim Redaksi

KOMPAS.com – Tembung deskripsi basa Jawa tegese nulis utawa njlentehake sawijining bab utawa perkara.

Teks deksripsi yaiku teks kang nggambarake objek kanthi cetha supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe objek kang digambarake. Objek sing digambarake bisa samubarang prastawa, pawongan, kahanan, tanduran, lingkungan, alam, lan sapanunggalane.

Titikane teks dekripsi

Ciri-ciri teks deskripsi basa Jawa, yaiku:

  1. Nggambarake samubarang, umpamane kahanan, papan, utawa manungsa.
  2. Nggunakake panca indriya (pandelengan, pangrasa, pangrungu, pangganda, lan pangecap).
  3. Bisa ngajak pamaca kaya-kaya bisa deleng, ngrasa, krungu, ngambu utawa ngganda, lan ngucap dhewe.

Baca juga: Tembung Saroja dan Artinya

Jinis teks deskripsi

Jinis-jinis teks deskripsi basa Jawa, yaiku:

  1. Deskripsi obyektif
    Yaiku salah sijining karangan deskripsi kang carane nggambarake objek ora ditambahi angen-angene pangripta.
  2. Deskripsi subyektif
    Yaiku salah sijining karangan deskripsi kang carane nggambarake objek ditambahi pangreka-rekane pangripta.

Tuladha teks deskripsi

Tuladhane teks deskripsi, yaiku:

  • Endhut Lapindo

Senajan ora ana kurban nyawa, ning musibah sing disebabake mbludage endhut saka sumur pengeboran PT. Lapindo Brantas, Sidoarjo, nuwuhake kapitunan gedhe tumrap masyrakat. Omah sing wis dibangun apik ujug-ujug rusak keluberan endhut.

Akibate 4000 warga sakapatang desa ing wewengkon Kecamatan Porong, Kabupaten Sidoarjo, Jawa Timur diungsekake. Akeh warga sing kelangan penggawean, kena penyakit, lan uripe ora Tentrem. Akibat daerah banjir endhut, akeh warga kang ora bisa mangkat nyambut gawe.

Para warga among duwe pangarep-arep supaya pihak Lapindo mangerteni sengsarane rakyat sing saiki lagi kaya ketindhes. Lapindo kudu menehi ganti rugi samurwate marang warga salaras karo kahanan sakdurunge ana musibah. Bab omah, lingkungan, uga Kesehatan.

Baca juga: Tembung Pepindhan: Contoh dan Artinya

  • Tari Remo

Sejatine tari remo yaiku kalebu tari Tunggal dudu tari kanthi paraga jalu estri, anangingbisa uga diparagakake luwih saka wong siji. Manut sejarahe, tari remo asline budaya seni saka tlatah Jombang kang nyritakake sawijining satriya kang gagah prakosa ing glanggang payudan.

Kairing lumakune wektu lan kemajuwaning jaman, saiki tari remo uga ditindakake dening paraga putri, saengga ana istilah “tari remo gaya putri”.

Tata laku lan olah beksan ing antarane tari remo gaya putri lan gaya Priya utawa putra ora ana bedhane. Padha-padha ngepyakake karaktere tri remo kang punjere ingo bah osike sikil sing rempeg rampak, rikat cukat, lan dinamis.

 

Referensi:

  • Muharrom, M. V. (Sutradara). (2020). Teks Deskriptif Basa Jawa [Gambar Hidup].
  • Nuraini, S. P. (n.d). Pepak Basa Jawa Lengkap. Karanganyar: Lingkar Media.
  • Raharjo, S.H. (n.d). Kawruh Basa Jawa Pepak. Semarang: CV. Widya Karya.
Simak breaking news dan berita pilihan kami langsung di ponselmu. Pilih saluran andalanmu akses berita Kompas.com WhatsApp Channel : https://www.whatsapp.com/channel/0029VaFPbedBPzjZrk13HO3D. Pastikan kamu sudah install aplikasi WhatsApp ya.

Video rekomendasi
Video lainnya

Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Komentar
Close Ads
Bagikan artikel ini melalui
Oke
Login untuk memaksimalkan pengalaman mengakses Kompas.com