KOMPAS.com - Tembang pangkur yaiku salah sijine saka jenis tembang macapat. Tembang pangkur yaiku saka tembung “mungkur” artine mundur utawa lunga.
Tembang macapat pangkur isine nasihat-nasihat kanggo generasi mudha, supaya mungkur saka babagan kadonyan
Ayo sinau tembang pangkur!
Isine tembang pangkur, yaiku:
Kang dicritakake lumantar tembang pangkur yaiku kabecikan kanggoning wong urip. Tumindak ala lan becik kudu dingerteni, anggatekake adat utawa pakulinan lan prenatan. Tata krama tansah diudi lan ditindakake awan lan wengi.
Pitutur luhur tembang pangkur, yaiku:
Dadi uwong kudu duwe tata krama, tumindhak sing becik kanthi nggatekake adat utawa pakulinan lan prenatan
Baca juga: 11 Tembang Macapat: Arti, Guru Gatra, Guru Wilangan, dan Guru Lagu
Watak tembang pangkur, yaiku:
Beberapa guru tembang pangkur, yaitu:
Guru gatra tembang pangkur, yaiku Guru gatra pangkur ana 7 baris ing saben larik
Guru wilangan tembang pangkur, adalah Guru wilangan tembang pangkur (8, 11, 8, 7, 12, 8, 8). Tegese, baris sepisan ana 8 suku kata, baris kaping loro ana 11 suku kata, uga sateruse.
Guru lagu tembang pangkur, yaiku Guru lagu tembang pangkur (a, i, u, a, u, a, i). Tegese, baris sepisan pungkasan huruf vokale a, baris kaping loro pungkasan huruf vokale i, uga sateruse.
Sekar Pangkur kang Winarna,
Lelabuhan kang kangge wong aurip,
Ala lan becik punika,
Prayoga kawruhana,
Adat waton punika dipun kadulu,
Miwah ingkang tatakrama,
Den kaesthi siyang ratri
Baca juga: Makna Filosofis Tembang Dolanan Ilir-Ilir
Artinya:
Tembang Pangkur yang diceritakan,
Pengabdian yang berguna untuk orang hidup,
Jelek dan baik itu,
Sebaiknya kamu ketahui,
Adat istiadat itu hendaknya dilaksanakan,
Juga yang berupa tata krama,
Dilaksanakan siang dan malam.
Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kertarto, pakartining ngelmu luhung,
Kang tumrap neng tanah Jawi,
Agama-ageming aji.
Baca juga: Pitutur Tembang Dolanan Menthog-Menthog
Artinya:
Disingkur oleh angkara,
Oleh karena puas dengan anak didik,
Dihiasi nyanyian yang resmi,
Disambut diselamatkan,
Agar selamat, budi pekerti ilmu luhur,
Bagi orang tanah Jawa,
Agama adalah pedomannya.
Referensi: