Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+

Pitutur Tembang Dolanan "Menthog-Menthog"

Kompas.com - 21/03/2024, 12:30 WIB
Eliza Naviana Damayanti,
Serafica Gischa

Tim Redaksi

KOMPAS.com -  Tembang dolanan yaiku lelagon sing prasaja lan nyenengke tumrap bocah, amarga lelagon kasebut kanggo dolanan. Tembang dolanan duwe watak seneng kaya dene bocah lagi dolanan bebarengan karo kancane.

Tembang dolanan kalebu tembang gagrag anyar, yaiku tembang kang ora nganggo paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

Lirik tembang menthog-menthog

Menthog-menthog tak kandani
Mung solahmu angisin-isini
Mbok ya aja ndheprok
Ana kandang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Menthog-menthog mung lakumu
Megal-megol gawe guyu

Baca juga: Makna Filosofis Tembang Dolanan Sluku-Sluku Bathok

Negesi tembung

Negesi tembung-tembung sing ana ing tembang menthog-menthog:

  • tak kandhani = tak bisiki
  • solahmu = polahmu
  • angisin-isini = gawe isin
  • ndheprok = lungguh sak penake 
  • kandhang = omahe kewan
  • ngorok = turu kepati
  • nyambut gawe = kerja
  • lakumu = polahmu
  • megal-megol = bokonge obah-obah
  • gawe guyu = lucu

Pitutur luhur

Pitutur ing tembang menthog-menthog:

  • dadi bocah ora pareng keset
  • dadi bocah iku kudu sregep sinau ben dadi bocah pinter

Baca juga: Makna Filosofis Tembang Dolanan Gundul-Gundul Pacul

 

Referensi:

  • Dian, Febyardini. Pepak lan Wasis Basa Jawa. 2008. Yogyakarta: Indonesiatera
  • Nugroho, L. (Sutradara). (2021). Dongeng Menthog || Pitutur Tembang Dolanan Menthog-Menthog || Bahasa Jawa Kelas 1 SD 
  • Nugroho, L. (Sutradara). (2021). Tembang Dolanan Menthog-Menthog || Bahasa Jawa Kelas 1 SD Semester 1
Simak breaking news dan berita pilihan kami langsung di ponselmu. Pilih saluran andalanmu akses berita Kompas.com WhatsApp Channel : https://www.whatsapp.com/channel/0029VaFPbedBPzjZrk13HO3D. Pastikan kamu sudah install aplikasi WhatsApp ya.

Video rekomendasi
Video lainnya

Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Komentar
Close Ads
Bagikan artikel ini melalui
Oke
Login untuk memaksimalkan pengalaman mengakses Kompas.com