KOMPAS.com - Legendha iku awujud crita lisan amarga dicritakake turun temurun saka para leluhur, nanging sawise manungsa ngerti tulisan banjur ganti arupa crita tulis.
Legendha iku kalebu sastra gancaran yaiku karangan sing ora kaiket gatra, wilangan lan guru lagu. Sastra gancaran iku dumadi saka perangan kang ndhapuk crita utawa unsure intrinsik.
Baca juga: 3 Contoh Legenda dan Terjemahannya
Sing kalebu unsure intrinsik ing antarane kaya ing ngisor iki:
- Tema yaiku underaning crita.
- Alur yaiku urut-urutane kadadeyan sing ana ing crita. Alur kaperang dadi telu yaiku alur maju, alur mundur lan alur campuran.
- Latar yaiku perangan kang menehi gambaran kapan, ana ing endi, lan kepriye kedadeyan ana ing sajeroning cerita iku dumadi. Latar kaperang dadi 3 jinis yaiku:
- Latar panggonan. Samubarang sing nggambarake papan kadadeyane crita.
- Latar wektu. Wektu sing nggambarake kadadeyan iku dumadi.
- Latar swasana. Swasana sing digambarake ing kadadeyan sajroning crita, bisa swasana sedhih, bungah, utawa nguciwani.
- Paraga yaiku pawongan kang nindakake lakune crita. Paraga kaperang dadi loro yaiku:
- Paraga utama yaiku paraga sing paling akeh sesambungan
- Paraga tambahan yaiku paraga geganep crita amarga amung arang-arang sesambungan karo paraga liya.
- Watake paraga yaiku sifat-sifat sing mbedakake antarane paraga siji lan sijine. Dene miturut watake, paraga kaperang dadi 3, yaiku:
- Antagonis yaiku paraga kang pakartine ala
- Protagonis yaiku paraga kang pakartine becik
- Tirtagonis yaiku paraga kang dadi panengah paraga antagonis lan protagonis
- Sudut pandang yaiku carane penulis utawa pangripta nyritakake crita iku, lumrahe crita legendha ora dimangerteni pangriptane.
- Amanat yaiku pesen moral utawa piwulang becik ing sajeroning crita.
- Ringkesan yaiku salah sawijining wujud nyekakake sawijing cerita kanthi tetep migatekake unsur-unsur intrinsik sawijing crita iku. Gawe ringkesan iku mujudake cara kang efektif kanggo ngandharake sawijining wacan kang dawa dadi wacan cekak. Ngringkes iku nganggo basane dewe kang gampang dipahami, ukarane simpel, nanging tetep bisa makili kang diringkes.
Crita legendha iku kelebu karangan narasi yaiku karangan kang ngandharake lelakon utawa kadadeyan anut urutan wektu, paraga, latar lan alur.
Titikane karangan narasi
Tetengere karangan narasi ing antarane:
- Anane tumindak ing sajrone crita
- Crita mau ditindakake ing sajroning wektu
- Tuladha anggitan narasi liyane yaiku novel, cerkak, dongeng, roman, hikayat, biografi, kisah pengalaman pribadhi.
Wacan narasi kaperang dadi loro yaiku:
- Narasi ekspositoris yaiku narasi kang isine arupa karangan kang sipate nyata. Tuladha: biografi, autobiografi, kisah pengalaman pribadhi
- Narasi sugestif yaiku narasi kang isine arupa karangan kang sipate fiksi (khayalan). Tuladha: novel, cerkak, dongeng, roman, hikayat
Cara ngringkes wacan
Ringkesan yaiku salah sawijining wujud nyekakake sawijing cerita kanthi tetep migatekake unsur-unsur intrinsik sawijing crita iku. Gawe ringkesan iku mujudake cara kang efektif kanggo ngandharake sawijining wacan kang dawa dadi wacan cekak.
Ngringkes iku nganggo basane dewe kang gampang dipahami, ukarane simpel, nanging tetep bisa makili kang diringkes. Supaya anggonmu ngringkes wacan mau becik, mula kudu ngerti paugerane, kayata:
- Maca naskah asli kanggo nggolek gagasan umume penulis
- Nyatet gagasan utama kang penting
- Ngrantam maneh gagasan utama dadi paragrap
- Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane
- Ringkesan ora kena owah saka lakune crita asli.
Bedane narasi ekspositoris lan narasi sugestif
Bedane narasi ekspositoris lan narasi sugestif kaya ing ngisor iki:
Narasi ekspositoris
Njembarake wawasan utawa pangerten, mbeberake katrangan bab prastawa, adhedhasar nalar supaya sarujuk, basa informatif, tembung denotatif
Narasi sugestif
Mbeberake makna kang sinandi (ora sabenere), nguripake pengangen-angen (imajinasi), nalar mung kanggo sinandi (imajinasi), basa figuratif (ora baku), tembunge konotatif.
Baca juga: Cerita Rakyat: Pengertian dan Ciri-cirinya
Referensi:
- Nisa, H. U., & Supriyanto, T. (2016). Pengembangan Bahan Ajar Membaca Sastra Legenda Bermuatan Kearifan Lokal Berbahasa Jawa. Seloka: Jurnal Pendidikan Bahasa Dan Sastra Indonesia, 5(2), 192-200.
- Zustiyantoro, D., Widodo, W., Safitri, R. N., & Wahyuni, M. (2020). Pengembangan Novelet Berbahasa Jawa Bertema Sejarah Semarang untuk Pembelajaran Sastra Jawa SMA/Sederajat. Piwulang: Jurnal Pendidikan Bahasa Jawa, 8(2), 134-147.
Simak breaking news dan berita pilihan kami langsung di ponselmu. Pilih saluran andalanmu akses berita Kompas.com WhatsApp Channel : https://www.whatsapp.com/channel/0029VaFPbedBPzjZrk13HO3D. Pastikan kamu sudah install aplikasi WhatsApp ya.