Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+

Cerita Legendha Basa Jawa

Kompas.com - 15/05/2024, 06:00 WIB
Eliza Naviana Damayanti,
Serafica Gischa

Tim Redaksi

KOMPAS.com - Legendha yaiku cerita rakyat sing gegayutan karo prastawa sejarah lan ana sesambung rapete karo sawijine paraga (tokoh), asal-usule papan utawa panggonan, lan diyakini dumadi.

Cerita rakyat yaiku cerita kang asale saka masyarakat lan ngrembaka ana ing satengahing masyarakat kang bisa awujud lisan lan tulisan.

Baca juga: 3 Contoh Legenda dan Terjemahannya

Ayo, sinau apa iku crita legendha!

Wujud crita

Crita ana loro wujude, yaiku crita fiksi lan crita nonfiksi:

Crita fiksi

Crita fiksi yaiku crita sing ngayawara, direka-reka, mula diarani dongeng. Dongeng iku crita kang wis ana wiwit biyen. Sumebaring dongeng ora ana kang ngerti. Amarga, cara ngrembakakake kanthi turun-tumurun saka simbah marang putu-putune, wong tuwa marang anak-anake.

Mula, ora ana salahe mangerteni dongeng-dongeng kang dadi warisane leluhur. Piwulang lan pitutur kang becik bisa ditindakake ana ing panguripan saben dinane.

Wujud crita fiksi utawa dongeng yaiku kaya ing ngisor iki:

  1. Fabel. Yaiku dogeng kewan kang bisa gugeneman kaya manungsa. Tuladha: Kancil karo Baya
  2. Mite. Yaiku dongeng sing ana sesambungane karo roh utawa alam gaib. Tuladha: Nyi Rara Kidul, Thuyul, Rara Jonggrang, lan sapanunggalane
  3. Legendha. Yaiku dongeng asal-usul dumadining panggonan utawa barang. Tuladha: Dumadine Rawa Pening, Dumadine Gunung Tangkuban Prau, lan sapanunggalane.
  4. Sage. Yaiku crita lawas kang ana gegayuhane karo sejarah, kang nyeritakake kekendelan, kasekten, lan keajaiban  tokoh. Tuladha: Rara Jonggrang, Candi Sewu, Kembang Wijayakusuma.
  5. Wiracita. Yaiku dongeng kang ngandharake para linuwih ing jaman kuna. Tuladha: Raden Panji Asmarabangun, Kanjeng Panemban Sena Pati, Siyung wanara, Ramayana, Mahabharata.
  6. Dongeng. Yaiku salah siji crita kang ora nate kadadeyan mung crita fiksi, kang nyritakake bab kang aneh, lan ora bisa dinalar
  7. Dogeng lugu. Yaiku crita kang sarwa aneh, ora mlebu nalar. Tuladha: Jaka Kendhil, Timun Mas, Cindhe Laras, Maling Kundang.

Crita nonfiksi

Crita nonfiksi, yaiku crita kang sanyatane. Wujude crita nonfiksi yaiku kaya ing ngisor iki:

  1. Hikayat. Yaiku crita bab lelakon paragane. Tuladha: Hikayat Hang Tuah
  2. Babad. Yaiku crita sing ana bukti nyatane, nanging uga ditambahi crita sing ngayawara. Tuladha: Babad Tanah Jawa
  3. Roman. Yaiku crita awujud gancaran kang isine nyeritakake tindak-tanduke paraga miturut watake. Roman ana werna-werna, kayata: roman sosial, roman adat, lan sapanunggalane

Kagunan legendha

Crita rakyat kalebu legendha iku duweni kagunan. Kagunan crita rakyat ing kaya ing ngisor iki:

  1. Reaktif yaiku menehi rasa tentrem, seneng, uga menehi pelipur
  2. Didaktif yaiku dhidhik para pamaca nilai-nilai kabeneran lan kabecikan kang ana ing sajroning crita
  3. Estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan
  4. Moralitas yaiku ngandhut nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para pamaca bisa mangerteni moral kang becik lan ala
  5. Religious yaiku ngandhut ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca

Ciri-ciri legendha

Ciri-ciri kang bisa dijupuk saka crita rakyat jawa kang ana, kayata:

  1. Anonim, ora dingerteni sapa sejatine penganggite
  2. Kalebu karya kolektif, dianggep duwe rakyat baren-bareng
  3. Nyritakake bab awon lan leres kanggo gambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane (imajinasi)
  4. Statis, tetep, ora ana ewah-ewahan kang wigati saka jaman biyen tekan jaman seprene

Baca juga: Struktur Cerita Rakyat Beserta Penjelasannya

Referensi:

  • Nisa, H. U., & Supriyanto, T. (2016). Pengembangan Bahan Ajar Membaca Sastra Legenda Bermuatan Kearifan Lokal Berbahasa Jawa. Seloka: Jurnal Pendidikan Bahasa Dan Sastra Indonesia, 5(2), 192-200.
  • Zustiyantoro, D., Widodo, W., Safitri, R. N., & Wahyuni, M. (2020). Pengembangan Novelet Berbahasa Jawa Bertema Sejarah Semarang untuk Pembelajaran Sastra Jawa SMA/Sederajat. Piwulang: Jurnal Pendidikan Bahasa Jawa, 8(2), 134-147.
Simak breaking news dan berita pilihan kami langsung di ponselmu. Pilih saluran andalanmu akses berita Kompas.com WhatsApp Channel : https://www.whatsapp.com/channel/0029VaFPbedBPzjZrk13HO3D. Pastikan kamu sudah install aplikasi WhatsApp ya.

Video rekomendasi
Video lainnya

Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Komentar
Close Ads
Bagikan artikel ini melalui
Oke
Login untuk memaksimalkan pengalaman mengakses Kompas.com