KOMPAS.com - Tembang kalebu karya sastra kang duwe daya kakuwatan lan kaendahan, mula bisa kanggo sarana pembangunan watek bangsa.
Macapat kagolong geguritan tradhisional Jawa, saben larik macapat duweni baris ukara sing kasebut gatra, lan saben gatra duweni sakrenane guru wilangan tartamtu, lan akhir saka swara sing sinebut guru lagu.
Tembang macapat diartekne dadi maca papat-papat, yaiku maksude cara maca sing kajalin saben papat suku tembung.
Puisi tradhisional Jawa utawa tembang biyasane diperang dadi telung kategori yaiku tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhe.
Macapat digolongake kategori yaiku tembang cilik lan uga tembang tengahan, dene tembang gedhe arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapake prabedan antara wanda dawa lan cendhak.
Saliyane kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Baca juga: 11 Tembang Macapat: Arti, Guru Gatra, Guru Wilangan, dan Guru Lagu
Tembang bisa kaperang dadi telu yaiku:
Tembang gedhe
Kang klebu tembang gedhe yaiku kaya mangkene:
- Citramengeng
- Mintajiwa
- Kusumastuti
- Pamularsih
Tembang tengahan
Kang klebu tembang tengahan yaiku kaya mangkene:
- Juru demung
- Wirangrong
- Balabak
Tembang alit
Kang klebu tembang alit yaku tembang macapat. Tembang macapat minangka salah siji wujude tembang Jawa ing kasusastran Jawa anyar, manut riwayat timbule tembang macapat iku karipta dening para wali. Tembang macapat minangka pralambang laku uriping manungsa.
Tembang yaiku susastra utawa sastra, utawa anggitan karangan kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra, yaiku:
- Guru lagu utawa dhong dhing yaiku tibane swara vokal ing pungkasane gatra
- Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra
- Guru gatra yaiku cacahe larik saben sapada
- Pupuh yaiku tembang pirang-pirang pada kang isih sajinis
- Pada yaiku bait utawa koplet
- Wanda yaiku pakecapan utawa suku kata
Piwulang tembang
Pustaka kang ditulis dening Sunan Pakubuwana IV arupa tembang iku ing saben pupuh tembange isi piwulang kang piguna kanggo sing gelem maca. Isi piwulange yaiku kaya mangkene:
- Pupuh Dhandhanggula isine bab cara milih guru.
- Pupuh Kinanthi isine bab cara srawung utawa milih kanca.
- Pupuh Gambuh isine larangan duwe watek adigang, adigung, adiguna.
- Pupuh Pangkur isine bab tata krama, mbedakake ala lan becik, sarta bab wateking manungsa.
- Pupuh Maskumambang isine bab carane nyembah.
- Pupuh Dhudhuk wuluh isine cara ngawula marang raja.
- Pupuh Durma isine carane ngendhaleni hawa nepsu.
- Pupuh Wirangrong isine bab ala becik prilaku.
- Pupuh Pocung isine cara nyambung paseduluran lan mengerteni isining wacan.
- Pupuh Mijil isine bab cara pasrah lan sokur.
- Pupuh Asmaradana isine bab nindhakake ajaran agama.
- Pupuh Sinom isine bab dhasar-dhasaring tingkah laku.
- Pupuh Girisa isine pesen sarta donga sang pujangga.
Gegayutan karo tembang
Babagan kang gegayutan karo tembang macapat kaya mangkene:
- Gendhing yaiku swara lelagoning gamelan.
- Gamelan yaiku kumpulan alat/piranti karawitan utawa alat musik Jawa.
- Laras yaiku rasa thinthingan saka swara cendhek nganti swara dhuwur.
- Titi laras yaiku angka pinangka gantine swara gamelan supaya bisa beda ing antara wilahan gamelan siji lan sijine.
- Pathet yaiku ukuran cendhek dhuwure swara sajroning gendhing.
- Cengkok yaiku luk-luking swara kanggo nglagokake tembang.
Baca juga: 7 Contoh Tembang Macapat Gambuh dalam Bahasa Jawa
Referensi:
- Efendi, A. (2011). Mengenal tembang macapat. Jurnal Widyatama, 2.
- Hastanto, S. (1983). Tembang Macapat in Central Java. In Proceedings of the Royal Musical Association (Vol. 110, pp. 118-127). Cambridge University Press.
Simak breaking news dan berita pilihan kami langsung di ponselmu. Pilih saluran andalanmu akses berita Kompas.com WhatsApp Channel : https://www.whatsapp.com/channel/0029VaFPbedBPzjZrk13HO3D. Pastikan kamu sudah install aplikasi WhatsApp ya.