Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+

Sesorah Bahasa Jawa: Pengertian, Contoh

Kompas.com - 08/03/2024, 04:00 WIB
Eliza Naviana Damayanti,
Serafica Gischa

Tim Redaksi

Izinkan saya menanggapi perkataan Bapak Naryana yang sudah memasrahkan calon pengantin lelaki Bagus Burhan, anak dari Bapak Praja Sumarta dari Boyolali

Yang pertama semua ucapan kalian semua akan saya pasrahkan Bapak Kusnadi dan keluarga

Selanjutnya, sudah tersusun di waktu ini calon pengantin akan dinikahkan menurut Budaya Jawa. Setelah panggih akan dilaksanakan tata cara selanjutnya.

Terakhir saya mengucapkan permintaan maaf kepada Bapak Naryana selaku perwakilan pembicara dari  Bapak Praja Sumatra

Selanjutnya, kalian semua semoga berkenan berdoa untuk kedua pengantin

Wassalamualaikum Wr. Wb 

Terima kasih.

Baca juga: Warna-Warna dalam Bahasa Jawa: Ngoko dan Krama

Mangayu pambagya harja bayi

Assalamu'alaikum. Wr. Wb.

Nuwun.

Para pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-ibu, saha para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan

Kula minangka talanging basa tanggap wacana kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putri, bilih saking keparengipun Bp. sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging manah.

Langkung rumiyin Bapa... sekaliyan mocap puji syukur dhateng ngarsaning Pangeran ingkang murbeng dumadi, dene saged kaleksanan angajangi pahargyan pawiwahan sepekenan putranipun ingkang angka

Kaping kalihipun Bapa sarimbit mboten kesupen ngaturaken pambagya sugeng rawuhipun para tamu kakung sumawa pitri.

Bapak sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Dene panjenengan sami sampun kepareng nglonggaraken wekdal saha penggalih saged rawuh ing pahargyan punika kanti lega-legawaning manah.

Bapak sekaliyan rumaos karoban ing sih sutresna ingkang salangkung ndadosaken bombong bebeg bingahing manah.

Kejawi punika Bapa..... sekaliyan ngaturaken sewu gunging panuwun ingkang tanpa upami tumrap sadaya ingkang sampun kaparingaken, sumbangsih kadarman ingkang arupi punapa kemawon, bau suku, rigen pratikel saha pisungsung pasamuan sarta cekaping keperluan punika. Ingkang makaten mugi-mugi Gusti ingkang Maha Agung paring pinwales ingkang sakmurwatipun.

Wondene ingkang dados hajad-ujubing ing pasamuan punika, rikala dinten surya kaping wulan tanggal tahun tahun Bapak saha ibu utawa angsal kanugrahaning Pangeran pikantuk putra ingkang mijil wonten ing griya sakit kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Awit berkahing Pangeran ingkang Maha Agung sarta saking berkah pangestu panjenengan sadaya, ingkang ibu tuwin jabang bayi wilujeng nir ing sambekala sumrambah sagung para rawuh.

Pangestu panjenengan sadaya, ingkang ibu tuwin jabang bayi wilujeng nir ing sambekala sumrambah sagung para rawuh. Putra ingkang angka punika dening Bapa dipun paringi tetenger sekaliyan "ewadene Bapak kalian taksih ngresahi nyuwun gungan tumrap tambahing puja-puji pangastuti, mugi-mugi putra ingkang nembe mijil punika pinaringan berkah pangestuning Pangeran saged murakapi dhumateng tiyang sepuhing, saged mikul dhuwur mendhem jero, saged migunani dhateng masyarakat bebrayan, murakabi tumrap pembangunan ingatasipun nusa lan bangsa, saha agami, lajeng saged dados pendekaring bangsa.

Baca juga: Unggah-Ungguh Bahasa Jawa

Tumapaking pawiwahan punika saderengipun sampun karantam tharik-thraik, ewandene taksih kathah dungkaping tumindhak, langkung-langkung tumrap atur pamboja karma sarta kinaring pangrengkuh anggenipun mapanaken.

Ingkang sekaliyan mboten saged matur sanes kajawi muhung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama. Makaten wau Bapa..... sekaliyan mboten saged matur sanes kajawi muhung nyuwun lumuturing sih samodra pangaksama.

Wasana minangka tutuping atur, mbok menawi wonten khithaling rembag saha kirang trepsilaning anggen kula matur awit kiranging seserepan kula, sarta kirang titi tata patitising atur tetembungan, jenang sela, sela kang padha ancala apuranta mugi cinandhi ing salaman-lama.

Matur nuwun

Wassalammu'alaikum Wr. Wb.

Artinya:

Assalamualaikum . Wr. Wb.

Permisi.

Para sesepuh yang dihormati. Bapak dan Ibu, serta hadirin yang dihormati.

Saya adalah perwakilan untuk menjadi juru bicara. Saya akan mencoba melahirkan perasaan yang datang dari lubuk hatiku yang paling dalam.

Pertama-tama, Kami semua mengucap syukur kepada Tuhan yang telah datang untuk bisa merayakan ulang tahun putra buyutnya.

Kali kedua, Bapak sekalian,  tak lupa mengucapkan selamat datang kepada para tamu atas kedatangannya.

Saya ingin mengucapkan terima kasih yang tulus kepada Anda semua. Dan Anda telah rela merelakan waktu Anda dan bisa datang ke perayaan ini dan itu melegakan hati saya.

Setiap orang merasa terbebani dengan cinta yang membuat hatinya begitu bahagia.

Halaman:
Video rekomendasi
Video lainnya

Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Komentar
Close Ads
Bagikan artikel ini melalui
Oke
Login untuk memaksimalkan pengalaman mengakses Kompas.com