Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Salin Artikel

Sesorah Bahasa Jawa: Pengertian, Contoh

KOMPAS.com – Sesorah adalah nama lain pidato dalam bahasa Jawa. Sesorah juga dimaksud dengan berbicara di depan orang banyak sesuai dengan tema yang sudah ada ataupun dengan konteks yang sesuai.

Sesorah menurut kebutuhannya terbagi menjadi beberapa kebutuhan. Di antaranya, yaitu pasrah penganten, nampi penganten, atur pangayu bagya, sabda tama, dan rapat-rapat umum.

Contoh teks sesorah

Adapun contoh teks sesorah dengan berbagai tema:

Pasrah penganten

Assalamu'alaikum. Wr. Wb.

Kula nuwun,

Bapa Sastro Kuncara ingkang minulya, nuhoni sasmitaning saking kadang pambiwara, kaparenga kula matur ing ngarsa panjenengan, awit mundhi dhawuhipun bapa Praja Sumarta ingkang pidalem ing dusun Kasihan, Kecamatan Sela, kabupaten Boyolali.

Dene kula tinanggenah ngaturaken punapa ingkang dados sedyanipun Bapa Praja Sumarta sarimbit.

Sepisan ngaturaken salam taklimipun. Kaping kalih ipun kula kasraya ngaturaken sekar cempaka mulya sasele, ingkang asma Bagus Burhan ingkang badhe kadhaupaken kaliyan Rara Fatimah putra putrinipun Bapa Kusnadi, ingkang hamengku gati.

Salajengipun, kula sapangombyong namung jumurung ing kersa, sinartan puja-puji sesanti jaya-jaya wijayanti. Mugi Gusti Kang Welas lan Asih tansah paring berkah dhumateng penganten kekalih sumrambah bapa Kusnadi tuwin sadayanipun.

Mbok bilih pisowan kula sarombongan wonten kiranging subasita mugi kersa paring pangaksami.

Wusana, Wassalamu'alaikum. Wr.Wb.

Nuwun, matur nuwun.

Artinya:

Assalamualaikum Wr. Wb.

Permisi.

Yang terhormat Bapak Sastro Kuncara, atas nama pembicara, izinkan saya berbicara di depan kalian, karena itu atas perintah Bapak Praja Sumarta yang tinggal di Desa Kasihan, Kecamatan Sela, Kabupaten Boyolali.

Yang pertama mengucapkan salam. Yang kedua kalinya, saya mempersembahkan pengantin yang bernama Bagus Burhan yang akan dinikahkan dengan Rara Fatimah anak dari Bapak Kusnadi yang saya sayangi.

Selanjutnya, saya dan rombongan hanya fokus pada kemauan. Semoga Tuhan yang Maha Pengasih dan Penyayang selalu memberkati kedua mempelai dan Bapak Kusnadi sekeluarga.

Barangkali kedatangan saya dan rombongan ada salah perlakuan, semoga berkenan memberi maaf.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Terima kasih.

Nampi pasrah penganten

Assalamu'alaikum. Wr. Wb.

Kula nuwun.

Keparenga kula ananggapi aturipun Bapa Naryana ingkang sampun masrahaken calon panganten kakung, Bagus Burhan, putranipun Bapa Praja Sumarta saking Boyolali.

Ingkang sepisan sadaya atur panjenengan badhe kula aturaken ingkang hamengku gati inggih Bapa Kusnadi sarimbit.

Salajengipun, sampun karantam bilih ing titi wanci punika calon penganten kekalih badhe kadhaupaken miturut adat Budaya Jawi. Sasampunipun panggih kalajengaken tata cara salimrahipun.

Wusana kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng bapa Naryana pinangka dhuta sraya saking Bapa Praja Sumarta.

Salajengipun, panjenengan sarombongan mugi kersa paring donga pangestu dhumateng panganten kekalih ngantos paripurnaning pawiwahan punika.

Wassalamu'alaikum. Wr. Wb.

Nuwun, matur nuwun.

Artinya:

Assalamualaikum Wr. Wb

Permisi.

Izinkan saya menanggapi perkataan Bapak Naryana yang sudah memasrahkan calon pengantin lelaki Bagus Burhan, anak dari Bapak Praja Sumarta dari Boyolali

Yang pertama semua ucapan kalian semua akan saya pasrahkan Bapak Kusnadi dan keluarga

Selanjutnya, sudah tersusun di waktu ini calon pengantin akan dinikahkan menurut Budaya Jawa. Setelah panggih akan dilaksanakan tata cara selanjutnya.

Terakhir saya mengucapkan permintaan maaf kepada Bapak Naryana selaku perwakilan pembicara dari  Bapak Praja Sumatra

Selanjutnya, kalian semua semoga berkenan berdoa untuk kedua pengantin

Wassalamualaikum Wr. Wb 

Terima kasih.

Mangayu pambagya harja bayi

Assalamu'alaikum. Wr. Wb.

Nuwun.

Para pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-ibu, saha para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan

Kula minangka talanging basa tanggap wacana kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putri, bilih saking keparengipun Bp. sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging manah.

Langkung rumiyin Bapa... sekaliyan mocap puji syukur dhateng ngarsaning Pangeran ingkang murbeng dumadi, dene saged kaleksanan angajangi pahargyan pawiwahan sepekenan putranipun ingkang angka

Kaping kalihipun Bapa sarimbit mboten kesupen ngaturaken pambagya sugeng rawuhipun para tamu kakung sumawa pitri.

Bapak sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Dene panjenengan sami sampun kepareng nglonggaraken wekdal saha penggalih saged rawuh ing pahargyan punika kanti lega-legawaning manah.

Bapak sekaliyan rumaos karoban ing sih sutresna ingkang salangkung ndadosaken bombong bebeg bingahing manah.

Kejawi punika Bapa..... sekaliyan ngaturaken sewu gunging panuwun ingkang tanpa upami tumrap sadaya ingkang sampun kaparingaken, sumbangsih kadarman ingkang arupi punapa kemawon, bau suku, rigen pratikel saha pisungsung pasamuan sarta cekaping keperluan punika. Ingkang makaten mugi-mugi Gusti ingkang Maha Agung paring pinwales ingkang sakmurwatipun.

Wondene ingkang dados hajad-ujubing ing pasamuan punika, rikala dinten surya kaping wulan tanggal tahun tahun Bapak saha ibu utawa angsal kanugrahaning Pangeran pikantuk putra ingkang mijil wonten ing griya sakit kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Awit berkahing Pangeran ingkang Maha Agung sarta saking berkah pangestu panjenengan sadaya, ingkang ibu tuwin jabang bayi wilujeng nir ing sambekala sumrambah sagung para rawuh.

Pangestu panjenengan sadaya, ingkang ibu tuwin jabang bayi wilujeng nir ing sambekala sumrambah sagung para rawuh. Putra ingkang angka punika dening Bapa dipun paringi tetenger sekaliyan "ewadene Bapak kalian taksih ngresahi nyuwun gungan tumrap tambahing puja-puji pangastuti, mugi-mugi putra ingkang nembe mijil punika pinaringan berkah pangestuning Pangeran saged murakapi dhumateng tiyang sepuhing, saged mikul dhuwur mendhem jero, saged migunani dhateng masyarakat bebrayan, murakabi tumrap pembangunan ingatasipun nusa lan bangsa, saha agami, lajeng saged dados pendekaring bangsa.

Tumapaking pawiwahan punika saderengipun sampun karantam tharik-thraik, ewandene taksih kathah dungkaping tumindhak, langkung-langkung tumrap atur pamboja karma sarta kinaring pangrengkuh anggenipun mapanaken.

Ingkang sekaliyan mboten saged matur sanes kajawi muhung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama. Makaten wau Bapa..... sekaliyan mboten saged matur sanes kajawi muhung nyuwun lumuturing sih samodra pangaksama.

Wasana minangka tutuping atur, mbok menawi wonten khithaling rembag saha kirang trepsilaning anggen kula matur awit kiranging seserepan kula, sarta kirang titi tata patitising atur tetembungan, jenang sela, sela kang padha ancala apuranta mugi cinandhi ing salaman-lama.

Matur nuwun

Wassalammu'alaikum Wr. Wb.

Artinya:

Assalamualaikum . Wr. Wb.

Permisi.

Para sesepuh yang dihormati. Bapak dan Ibu, serta hadirin yang dihormati.

Saya adalah perwakilan untuk menjadi juru bicara. Saya akan mencoba melahirkan perasaan yang datang dari lubuk hatiku yang paling dalam.

Pertama-tama, Kami semua mengucap syukur kepada Tuhan yang telah datang untuk bisa merayakan ulang tahun putra buyutnya.

Kali kedua, Bapak sekalian,  tak lupa mengucapkan selamat datang kepada para tamu atas kedatangannya.

Saya ingin mengucapkan terima kasih yang tulus kepada Anda semua. Dan Anda telah rela merelakan waktu Anda dan bisa datang ke perayaan ini dan itu melegakan hati saya.

Setiap orang merasa terbebani dengan cinta yang membuat hatinya begitu bahagia.

Selain itu, Saya ingin mengucapkan terima kasih yang sebesar-besarnya atas segala sesuatu yang telah diberikan kepada saya, sumbangan dalam bentuk apapun, bau suku, bingkisan praktis dan persembahan gereja yang sudah cukup untuk tujuan ini. Untuk itu, saya berharap Tuhan Yang Maha Esa memberikan pahala yang penuh kepadanya.

Sedangkan untuk ziarah di gereja ini, pada hari pertama bulan tahun Ayah dan Ibu atau restu Tuhan agar mempunyai anak laki-laki yang masuk rumah sakit dengan keberuntungan tanpa kendala sedikit pun.

Karena berkah dari sesepuh dan berkah dari kalian semua, maka ibu dan bayinya akan diberkati dalam segala hal.

Anda semua, ibu dan bayi dipersilahkan hadir. Jumlah anak laki-laki ini telah ditandai oleh Bapak, walaupun Bapak masih berkeinginan untuk memohon doa yang lebih lagi bagi para pengikutnya, semoga anak yang baru lahir tersebut mendapat berkah dari Tuhan sehingga mampu merawat orang tua, mampu memikul beban yang mendalam, mampu memberikan manfaat bagi masyarakat berumah tangga, baik bagi pengembangan daya ingat bangsa dan negara, serta agama, dan selanjutnya dapat menjadi mediator bangsa.

Selain itu, sebelum ia menyelesaikan pekerjaannya, masih banyak pekerjaan yang harus ia selesaikan, terutama dalam pengelolaan karma dan pemahaman cara penyelesaiannya.

Mereka semua tak bisa berkata apa-apa selain memohon belas kasihan lautan rahmat. Begitulah Bapak. Kami semua tak bisa berkata apa-apa selain memohon belas kasihan lautan.

Ini adalah penutup, mungkin ada yang kurang dalam pembahasan dan kurang paham ketika saya berbicara karena kurang pahamnya saya, dan kurang paham tentang susunan kata.

Terima kasih.

Wassalammu'alaikum Wr. Wb.

Mengeti dina Kartini

Assalamualakum Wr. Wb.

Salam sejahtera tumrap kita sadaya.

Ibu-ibu pengurus TIM Penggerak PKK ingkang kinurmatan, saha para anggota PKK ing kula tresnani.

Saderengipun kula miwiti amicara, mangga kula dherekaken atur puja-piji syukur dhumateng Kang maha Gesang, ingkang sampun paring nugraha dhateng kita sadaya.

Katitik kita saged rawuh ing papan punika saperlu mengeti Dinten Kartini. Sedherek-sedherek pengetan dinten Kartini punika kita adani, awit saking kadereng ngurmati lelabetanipun para pahlawan bangsa ingkang sampun ngrumiyini katimbalaning pangayunaning Pangeran. Para wicaksana sampun paring sesuluh, bilih bangsa ingkang kinurmatan punika 'bangsa ingkang saged ngurmati lelabetanipun para pahlawan. Kita mboten remen manawi dipun wastani bangsa utami ingkang mboten kinurmat, bangsa ingkang aji.

Kanjeng Nabi Muhammad paring dhawuh: "kaum sawijining kuwi jejer dadi saka gurune negara yen wanita sawijining bangsa kuwi bobrok, bakal bobrok negarane. Kula aturi menggalih, kados pundi manawi estri semi ngangsa-bsa bandha, tansah ndhesek kakunge dipun uja kamurikaning bab bandha. Kakung mesthi badhe tumindak nalisir saking samestinipun. Ingkang wonten kalodhangan lajeng sami korupsi, nguleri bandha negani. Para rawuh, dene kewajiban pawestri ingkang makaten wau dipun gesangaken malih lan dipun pandheng dening Raden Ajeng Kartini. Panjenenganipun pingin mulihaken hakipun kaum estri irigkang jaman samanten dipun rampas dening penjajah. Raden Ajeng Kartini mboten namung berjuang kangge kelompok lan golonganipun. Senajan panjenenganipun golongan bangsawan, nanging perjuanganipun kangge kawula sedaya. panjenenganipun ada-ada utawi ngadani sekolah pawestri, supados tiyang estri ugi pinter kados, tiyang kakung. Manawi sampun pinter, mboten badhe nguja kekajenganipun penjajah, mesthi badhe mbangkang dipun jajah, satemah kaum wanita tangi, gumregah, sesarengan kaliyan kakung sami berjuang merdikakaken bangsanipun. Nanging ing akhir akhir punika,. eba sedhihipun Raden Ajeng Kartini, awit sareng sampun kasil perjuåganipun. kepara-para putri sami klintu arahipun Sadaya kepingin dipun sami kaliyan priya. Satemah ngantos mboten wonten wates antawisipun priya lan wanita.

Sinaosa Raden Ajeng Kartini berjuang nuju emansipasi hak sami antawisipun priya lan wanita, nanging tetep anut kodrat mboten sami kaliyan priya. Tetep kakung punika pemimpinipun wanita. Bapak tetep minangka pemimpin rumah tangga.

Ing wusana, mangga sami ndedonga mugi-mugi gegayuhan luhuripun Raden Ajeng Kartini, saged tansah kajiwa wonten ing pribadinipun Kartini Kartini jaman samangke, sahengga ambabar ganda arum nuju kuncaranipun bangsa Nuswantara. Makaten sedaya kalepatan nyuwun pangapunten, Matur Nuwun.

Wassalammu'alaikum wr.wb.

Artinya:

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Salam sejahtera untuk kita semua.

Yang saya hormati Ibu-Ibu pengurus Tim Penggerak PKK, dan anggota PKK yang saya sayangi.

Sebelum saya memulai pidatonya, saya ingin mengucapkan puji syukur kepada Yang Maha Kuasa yang telah memberikan anugerah kepada kita semua.

Kita bisa datang ke tempat ini untuk merayakan Hari Kartini. Saudara-saudara terkasih, kita merayakan hari Kartini, karena kita menghormati jerih payah para pahlawan bangsa yang pertama kali dipanggil ke takhta Raja. Para bijak mengatakan, bangsa yang dihormati adalah bangsa yang bisa menghargai prestasi para pahlawan. Kita tidak suka disebut sebagai bangsa primer yang tidak dihormati, bangsa yang berharga.

Nabi Muhammad SAW bersabda: “Seharusnya suatu bangsa menjadi guru bagi negaranya. Jika perempuan suatu bangsa miskin, maka negara pun akan miskin. Aku bertanya-tanya bagaimana jika seorang wanita yang mempunyai harta selalu mendesak suaminya untuk menceritakan kepadanya tentang kekayaan tersebut. Pasti akan bertindak bertentangan dengan kebenaran.

Kalau ada kesempatan, maka mereka korup, menjarah kekayaan negara. Rakyat, kewajiban perempuan dihidupkan kembali dan dipandang oleh Raden Ajeng Kartini. Ia ingin mengembalikan hak-hak perempuan wanita yang dirampok oleh penjajah. Raden Ajeng Kartini tidak hanya berjuang untuk kelompok dan golongannya saja.

Walaupun beliau seorang bangsawan namun perjuangannya adalah untuk kita semua. keinginan dari penjajah, mereka akan melawan penjajahan, maka dari itu para wanita bangun, bangkit, bersama suami, mereka memperjuangkan kemerdekaan bangsanya. Namun pada akhirnya, Raden Ajeng Kartini sedih karena perjuangannya berhasil. Semua gadis ingin setara dengan laki-laki. Sedemikian rupa sehingga tidak ada batasan antara laki-laki dan perempuan.”

Raden Ajeng Kartini memperjuangkan emansipasi persamaan hak antara laki-laki dan perempuan, namun mereka tetap percaya bahwa mereka tidak setara dengan laki-laki. Suami adalah pemimpin bagi wanita. Ayah tetap menjadi kepala rumah tangga.

Pada kesempatan kali ini mohon doanya semoga cita-cita luhur Raden Ajeng Kartini, selalu dapat terkabul dalam pribadi Kartini Kartini di masa kini, sehingga keharumannya tersiar hingga ke masyarakat nusantara. Oleh karena itu saya mohon maaf atas segala kesalahannya, terima kasih.

Wassalammu'alaikum wr.wb.

Referensi: 

  • Hadi, S. (n.d.). Kumpulan Pidhato Basa Jawa. Surakarta: CV. ITA .
  • Nuraini, S. (n.d.). Pepak Basa Jawa Lengkap. Karanganyar: Lingkar Media.

https://www.kompas.com/skola/read/2024/03/08/040000269/sesorah-bahasa-jawa--pengertian-contoh

Terkini Lainnya

Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Close Ads
Bagikan artikel ini melalui
Oke