KOMPAS.com – Layang utawa surat mujudake salah sijining sarana komunikasi sing penting.
Ngrembakane iptek mligine ing babagan teknologi infomasi kanthi ngasilake sistem komunikasi kanthi kabel satelit kang awujud handphone, internet, lan sapanunggalane, nyebabke layang kurang oleh kawigaten.
Ananing kanggo saperangan kabutuhan lan kaperluwan, masarakat isih tetep migunakake layang.
Layang kiriman utawa layang iber-iber ana telu warna, yaiku:
Layang kitir yaiku layang kang ringkes banget. Ditulis ing dluwang ora nganggo diamplopi. Digunakake dening wong kang wis kulina banget marang wong kang dikirimi layang.
Layang cekak awujud kaya layang ganep, nanging mung cekak aos wae. Layang cekak luwih rowa katimbang layar kitir, nanging luwih ringkes katimbang layang ganep. Layang cekak lumrahe tanpa adangiyah.
Baca juga: Mengenal Tembung Entar dalam Bahasa Jawa
Layang ganep yaiku layang kang ditulis ganep sarta nglungguhi paugeran. Layang ganep ditulis ing dluwang lan diamplopi. Dene perangane layang ganep kaya ing ngisor iki.
Serat saha ingkang taklim
Katur ing ngarsanipun
Eyang Kakung Prabasworo
ing Boyolali
Nuwun wiyosipun, ngaturi uninga bilih kawontenan kula sakaluwarga ing Kediri angsal pangestunipun Eyang Kakung tansah ginanjar wilujeng. Panyuwun kula ing mriki mekaten ugi.
Sesampunipun ingkang kadya punika, ngaturi priksa bilih benjing wulan ngajeng menikakula badhe ulangan umum semester kalih. Akanthi serat menika keparenga nyulih sowan kula saperlu nyuwun pangestu, mugi-mugi kula saged minggah kelas kanthi angka ingkang sae.
Wasana cekap semanten kula atur. Boten kesupen donga saha puji katur dhumateng Eyang sekalian mugi-mugi tansah pinaringan berkah saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Aamiin.
Kediri, 09 Maret 2024
Taklim kula,
Jarwo Bimo Sekti
Baca juga: Teks Deskripsi Bahasa Jawa
Referensi: