Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+

Ngandharake Pawarta dalam Bahasa Jawa

Kompas.com - 15/05/2024, 03:00 WIB
Eliza Naviana Damayanti,
Serafica Gischa

Tim Redaksi

KOMPAS.com - Prastawa kang kadadean ing sekitare kita iku kalebu pawarta. Pawarta yaiku palapuran ngenani kadadean kang mentas dumadi utawa suwe kadadean. Pawarta kang becik iku asipat anyar, aktual, fakta, wigati, lan narik kawigaten.

Pawarta yaiku cathetan kedadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing medhia cetak, utawa laporan ing medhia elektronik.

Kedadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud kedadeyan saben wektu sing ana ing donya iki. Upamane lindhu (gempa bumi), perang, banjir, lan liya-liyane.

Pawarta kang diumumake maneka warna, mula saka iku pamaca pawarta becike nlesih kanthi patitis marang pawarta iku mau. Ora sethithik kabar kang luwih nengenake rumor utawa kabar kang durung karuwan benere.

Uga akeh kabar kang isine promosi. Kosok baline ora sethithik uga pawarta wigati kang bisa katemokake ing medhia massa. Dadi, pamaca kudu prigel milih lan milah pawarta kang diperlokake.

Baca juga: Mengapa Orang Membutuhkan Berita?

Tegese pawarta

Saben dina ana wae pawarta kang bisa dirungokake saka televisi utawa radio, lan uga akeh pawarta kang bisa diwaca saka medhia cetak yaiku koran utawa majalah, nanging nyatane isih akeh wong kang durung weruh apa ta satemene kang diarani pawarta (berita) iku.

Satemene kang diarani pawarta/berita, yaiku kaya ing ngisor iki:

  • Palapuran prastawa nyata (kejadian faktual) utawa panemu (pendapat utawa opini) kang asifat wigati (penting) ing sawijining wektu, sarta dadi kawigatene wong akeh.
  • Apa wae kang durung nate dikrungu, utawa diwaca sarta diweruhi utawa disumurupi.
  • Wedharan utawa uraian sawijining prastawa nyata (fakta) utawa panemu (pendapat/opini) kang dipacak utawa dimuat medhia massa.
  • Swasana anyar kang narik kawigaten, kang lumrah diarani trend.

Sipate pawarta

Kang diarani pawarta iku kudu duwe watak sesipatan utawa ciri wanci kaya mangkene iki:

  • Pawarta iku kudu adhedhasar kasunyatan (fakta).
  • Kasunyatan (fakta) mau, kudu nyata-nyata kedaden.
  • Kasunyatan ing pawarta kudu kapisah karo panemu (opini).
  • Pawarta kudu timbang (seimbang), ora kena mihak sapa wae.

Wujud pawarta

Kaya sing wis diaturake ing dhuwur mau pawarta bisa digiyarake liwat pirang-pirang wujud yaiku kaya mangkene:

  • Bentuk cetak

Bisa awujud majalah utawa koran. Contone: majalah Djokolodang, majalah Panjebar Semangat, lan sanesipun.

  • Bentuk siaran

Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan ananging mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita basa Jawa TA TV, berita basa Jawa JOGJA TV, berita basa Jawa Radio Persatuan, berita basa Jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.

  • Liwat internet

Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa Jawa utawa pawarta basa Jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa Jawa: pawarta basa Jawa, sesorah Jawa, kumpulan cerita basa Jawa, cerita wayang basa Jawa, lan sak panunggalane.

  • Bentuk lisan

Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.

Jinis pawarta

Jinising pawarta yaiku kaya ing ngisor iki:

  • Pawarta dadakan. Pawarta dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyane ora kena dipesthikake. Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan liya-liyane.
  • Pawarta dinan. Pawarta dinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyane wis dimangerteni sadurunge. Tuladha: pembukaan sekolah anyar, kunjungan presiden ing Batang, lan liya-liyane.
  • Pawarta crita. Pawarta crita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake objek kang nengsemake utawa human interest. Pawarta iki diwedharake mung kanggo hiburan utawa selingan. Tuladha: crita objek wisata, crita bab kesenengan utawa hobi, lan liya-liyane.

Perangan Pawarta

Perangan pawarta yaiku kaya mangkene:

Halaman:
Video rekomendasi
Video lainnya

Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Komentar
Close Ads
Bagikan artikel ini melalui
Oke
Login untuk memaksimalkan pengalaman mengakses Kompas.com