Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+

Teks Sastra Bahasa Jawa

Kompas.com - 02/04/2024, 11:00 WIB
Eliza Naviana Damayanti,
Serafica Gischa

Tim Redaksi

KOMPAS.com - Teks sastra dalam Bahasa Jawa adalah karya-karya sastra yang ditulis menggunakan Bahasa Jawa, baik dalam bentuk prosa maupun puisi.

Teks sastra Bahasa Jawa sering menggambarkan kekayaan budaya, tradisi, dan nilai-nilai Jawa, serta mempergunakan gaya bahasa dan kiasan khas yang mengandung makna mendalam.

Karya-karya sastra Bahasa Jawa dapat berupa cerita rakyat, puisi, drama, atau karya-karya sastra lainnya yang ditulis dalam Bahasa Jawa.

Berikut contoh teks sastra bahasa Jawa:

  • Contoh 1

Ana ing sawijining dina, Prabu Boko nduwe pepinginan ngambakne wilayah kerajaan kanthi nyerang kerajaan Pengging. Prabu Damar Moyo banjur dawuh dening anake yaitu Raden Bandung Bondowoso supaya perang ngelawan Prabu Boko.

Mergo kekuwatan lan kesektian saka Raden Bandung Bondowoso, Prabu Boko banjur bisa dikalahake nganti tekan patine.

Sak wise mateni Prabu Boko, Raden Bandung Bondowoso langsung menyang keraton Boko. Ing jero istana, dheweke ketemu karo anak prabu Boko, yaiku Roro Jonggrang.

Amarga ayune Roro Jonggrang, Raden Bandung Bondowoso langsung katresnan marang piyambake. Lan njaluk kanggo bebatihan.

Baca juga: Teks Narasi Bahasa Jawa

Ananging Roro Jonggrang ora gelem, amarga dheweke ngerti menawi Raden Bandung Bondowoso sing wis mateni bapake.

Kanggo nolak lamaran Raden Bandung Bondowoso, Roro Jonggrang menehake syarat yen Raden Bandung Bondowoso pengen ngerabi piyambake dheweke kudu gawe siji sumur lan sewu candi ana wektu sewengi.

Raden Bandung Bondowoso nyaguhi penjaluk saka Roro Jonggrang kasebut. Piyambake banjur nggawe sumur sing saiki dikenal Jalatunda. Lan nggawe 1000 candi kanthi njaluk bantuan para lelembut kanggo mbangun candi kasebut.

Raden Bandung Bondowoso mung bisa nutugake nganti 999 candi amergo Roro Jonggrang ganggu para lelembut sing lagi kerjo. Raden Bandung Bondowoso nesu lan ngutuk Roro Jonggrang dadi arca kanthi saiki dikenal kanthi jeneng Arca Dewi Durga kanggo mepaki 1000 candi kasebut

  • Contoh 2

Ing satunggaling dinten sapriyantun eyang putri nembe pados ulam kaliyan jala, keong mas kesangkut wonten jala eyang punika. Keong mas dibeto kondur ugi dening eyang putri.

Wonten dinten saklajenge eyang putri punika pados ulam malih wonten segara ananging mboten satunggal ulam kang bisa dijaring. Dugi wonten griyanipun, eyang putri kaget amarga wonten meja sampun cemepak masakan ingkang nyamleng-nyamleng.

Mekanten ugi dinten-dinten saklajengipun eyang putri ngalami kedadosan sami, enjingipun eyang putri etok-etok menyang segara. Piyambake ngindik punapa ingkang kedadosan wonten griyane.

Halaman:
Video rekomendasi
Video lainnya

Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Komentar
Close Ads
Bagikan artikel ini melalui
Oke
Login untuk memaksimalkan pengalaman mengakses Kompas.com